Sonten wau, kulo rumaos seneng sanget.
Leres, salah satunggal alasan nggih meniko, ningali perlombaan kangge mringati agustusan teng ngajeng griya. Nanging alasan utami kulo rumaos ngoten nggih menika sumringahipun panjenengan.
Sumringahe njenengan sonten wau adem sanget sajroning manah
Sami kalih guyu saking panjenengan
Nopo njenengan ngertos?
Wau, pas kulo meluk njenengan saking wingking
Menawi saged, mboten kepengin kulo lepas
Penginku nggih ben mawon
Kulo wedi
Sanget wedine
Pas nde bada isya sak meniko
Njenengan ndukani kulo lan tiang kalih wonten griya
Kulo kaget
Kulo mboten saged njawab
Satunggale kalimat kang kulo ucap niku
Pripun...?
Nopo nggih mboten kaget
Nopo nggih mboten wedi
Lah njenengan duko kalian ngucap ajeng ngunjuk tablet analgesik sak strip
Astaghfirullah...
Njenengan saweg khilaf, nggih kulo percy
Njenengan saweg katah masalah, nggih kulo prcy
Ning nopo arti percy niku ?
Menawi kulo mboten saged rumaos
Menawi kulo mboten saged Peka
pEka
kulo sakniki taksih dereng saged dados pribadi ingkang peka
sanes kalih njenengan
kulo lan tiang teng griya nten nopo-nopo
njenengan langsung ngertos, langsung tanggap
Kulo sanes
nggih kulo dereng saged peka
dinten niki mawon, salah satunggal rencang kulo sanjang
kulo mboten peka
Niku mpun nomer sekawan saking rencang caket kulo kang sanjang mekaten
berarti nggih posisi kulo (cekap) parah
peka kulo taksih kedah dilatih
taksih kedah ditambah malih
ne sakniki
peka kulo dibanding njenengan paling-paling sak ujung kuku
nggih toh?
Seujung Kuku
Diposting oleh
Muhammad Imam
Kamis, 21 Agustus 2014
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar
Silahkan untuk memberikan komentar terhadap tulisan ini, demi tulisan yang lebih baik di lain hari.